Rabu, 01 Februari 2012

Video Geguritan

CARITA SUKA DUHKA SU

Tanpa daya
Tan bisa apa-apa
Ginawa luka saka adilaga
Kang dumadi

-Gusti, yen nepsu angkara kena sinirep dening sukarsa, kena apa isih ana adilaga?
numplek'ake gethih lan tangis manungsa?-

Tangis su ndredes
waspane tumetes
Nukulake reroncening padma
ing rawa paluh teles

Sore lingsir lastri
Lebur dadi sepi
Tan ana kerik jangkrik
Uga warayang wewisik

Padma njelma swara:
“suka duhka manungsa wus dadi lampahan kang mesti dilakoni!
Tan gora!”
Mbegegeg sigeg su

Nanging durung rampung adilaga
Tugas durung tuntas
“balia su menyang palagan!
gethih kang tumplek saka adilaga tan bisa ngregedi ati kang murni”

Mangkono
Mega mega gya sumingkir
Sumingkira uga sagala udrasa
Padma terus tukul saka njroning paluh
tansah rerentengan rame pada ura-ura:
”la la la suka duhka manungsa la la la lakonono!”

Tidak ada komentar:

Posting Komentar